CLICK HERE FOR BLOGGER TEMPLATES AND MYSPACE LAYOUTS »

Sabtu, 24 Mei 2008

KIDUNG ARAS

KIDUNG ARAS
 

Eling eling ingkang guling,
Aja lali lali nendra,
Wong turu adoh kang asih,
Aluk carem aneng gunung,
Cireme mengke tan sepi,

Panggaripta kang pamuji jati
bale aras kang sasaka mulya
kirun pisaka tengene
wanga kirun kang hatungu
saka kira panggere wesi
anolak lara ing badan
satru lawan musuh
panggere rijatullah
Ander-ander kulhu balik
kang linuwih ambalik sakehing lara.

satru musuh balik pada wedi
pamidangan baitul mukadis
kulhu balik pangarane
ambalik sakehing musuh
lara badan sami sumingkir
kang gering nulia waras
kang sengit den lutut
musuhe sang liman petak
ramajati jumeneng wali jasmani
mula ngagea petak

Duruwipun penerusing kursi
lungguhira sinurat ing tangan
penglebur lara kabeh
usuk-usu ing luhur ingaranan
telehing langit ya nabi muhammad kang wekasan
iku tutug dalu lawan siang kinajrihan
satru musuh pada wedi
iblis laknat sumingaha

Karya Kanjeng Sunan Kalijaga

0 komentar: