CLICK HERE FOR BLOGGER TEMPLATES AND MYSPACE LAYOUTS »

Jumat, 23 Mei 2008

NGELMU KASUNYATAN

NGELMU KASUNYATAN

Kanggo gagaran nyumurupi manunggale KAWULA GUSTI, apa dene pratikele supaya bisa damang gelare Sastra Cetha, yaiku tulisan kang nyata, tulisan kang muni dewe tanpa diwaca yaiku blegere urip. Dadi amrih bisa nyumurupi marang uripe, garise dew kang landesan kukum sebab lan akibat (daruna lan wahana).

Kang minangka tulada dadi gagaran neniteni dumunung ana ing kahanane wong kang berbudi cukup, lire wong kang ngenggoni sipat-sipat kamanungsane, awatak asih marang sapadane tumitah, ambeg welasan gelem tetulung tanpa pamrih apa-apa, sing tumrap awake dewe lsp. Yen menawa tetembungan saiki, ya wong sing ajiwa sosial, kang gemblengane banjur dadi wong sing bisa ngayomisesamaning ngaurip tanpa melik apa-apa.

Mung perlu wae diimuti yen sipat sing kaya mangkono mau senajan ta becika pisan nanging yen kurang wicaksana anggone ngetrapake wahanane malah dadi kosok balen. Welas marang sak pada-padane tumitah kan kanti wicaksana iku ateges welas marang soksapoa kang mula pancen patut lan wajib diwelasi. Karana yen ora mengkono dadine malah banjur welas tanpa alis, semono uga ngenani prakara tetulung, yen kleru cak-cakane wahanane malah malah ngapitunani sing ditulung. Dadi bakune tindak kautamankasebut ing duwur kang kudu dilekasi adedasar kawicaksanan iku, kajaba wujud dadi kasuyatan uga kudu kang wahanane ora bakal agawe kapitunane jiwa maran sapa wae kang ditamnduki kautaman mau.

Tindak sing kaya mangkono iku ateges nuhoni dharmaning ngaurip amrih rahayuning jagad, mungguhung jagad pakeliran kaya lekase Sri Ramawijaya sing tumanduk marang maharesi Subali ing Guwa Kiskenda lan Rahwanaraja ing Ngalengkadiraja, utawa lekase Sri Kresna ing Dwarawati sing tumanduk marang para kadang Kurawa jroning perang Barata Yuda Jayabinangun. Kawicaksananing amrih rahayuning bawana nganti pantog tekan “tegel” ngrampungi para kang pada tumindak dur. Ora kena rasa sengit utawa getting, nanging karana rasa welase. Yen ta ora enggal disirnakake, kajaba kang pada ngawaki bakal saya gede durhakane, kahanane jagad uga banjur ora bakal leren anggone gasrek marga saka daya angkarane mau. Tindak tanpa kendat lan ajiwa sosial alambaran kawicaksanan, dayane mesti tumimbal-balik lire : sing sapa ngayomi liyan, prasasat ngayomi pribadine. Tabate ora ana liya kajaba mung kabecikan lan babrayan mesti gede panarimone marang wong kang sipate kaya mangkono mau.

Anadene kang diarani bisa mranata lakune nafsu lan meper sakehing pakarti kang tuwuh saka rangsang saya krekating jasad kadagingan iku, mranata bekaning urip lair lan bekaning urip batin. Bekaning urip lair kang tuwuh dening pakartining pancadriya lan bekaning urip batin kang tuwuh dening ubaling nafsu patang perkara, yaiku ; Mutmainah, Supiyah, Luwamah lan Amarah.

Nafsu patang perkara kasebut sarta pakartining pancadriya, iku samangsa ora dikendaleni, lire diuja tumindak ing salonggar-longgare, wahanane tumrap salira pribadi banjur dadi mbakar kasenengan lan kemareman, ambeg candala ing budi, watak dara cidra, demen fitnah lan nganiyaya ngumbar nguja ubaling nafsu, dene ing sabanjure dadi demen marang tumindak crobo (ora bisa weruh ing ukuran), laku nista, ambeg degsura, kesed lan sungkanan sarta lumuhmarang tarak brata. Kabeh mau pada mujudage sambeganing laku tumraping urip ya lait ya batin.

Ing sarehne wis bisa meper hawa nafsu lan ngeker pakartining pancadriya, temah bisa mranata jiwane sarta banjur ora wigih ngadepi sakehing goda rencana maheka warna sarta wasis nyabili seprelune. Yen wis kaya mengkono, dadine mestibanjur ora bakal kasamaran samangsa kudu ngadepi pati, karana jeroning uripe ora ninggalake tabe bebibget apa-apa.

Ngudi murih jiwa raga sarta sakabehane iku bisa lestari slamet iku kudu katindakake kalwan tanpa leren ing salawase urip, kanti awawaton sing wis ditetepake dening ngelmune, lakune supaya bisa tetep, ojo kongsi sulaya karo gegebengane.

Mula mangkana jalaran samangsa wis niyatingsun nggilud marang sawijining ngelmu, panggilutu kudu sing kalawan temenan, ora kena sulaya utawa nyulayani sakabehing angger-angger jer kabeh mau kena ingaranan sawijining prajanji kang kawetune lan kalakone mung sapisan. Bener ya sapisan iku, yen ta luputa ya ora kena diambali maneh dadi samangsa ora ngati-ati, wahanane bisa drawasi.

Srana kang bisa kanggo ngayuh marang iku mau kabeh kajaba tindak kaya kang wus kawedar ing katerangane ing duwur uga kudu bisa manunggalake KAWULA lan GUSTI, ya manunggalake raga lan sukma. Rehne karo-karone iku manunggal lan blegere pada dai prasemon gaibing Hyang Widi, ing samubarang rehe kudu sing kalawan tumata, solah bawa, muna-muni lsp. Kudu tansah diemuti yen kabeh mau atas asmane Pangeran. Tindakake roga karono dikemudeni dening sukma, dadi uga ateges tindake nyawa, tindake kawula pada karo tindake Gusti jer loro-lorone manunggal ana ing badan sawiji.

Ing antaran srana kang menika warna, srana panggayuke bisa kanti nggladi murih lair lan batine bisa tumata lan tentrem, meneng, wening lan dumunung – Tegese meneng iku ya menenge raga kang kaprabawa dening nafsu, wening iku weninge pikir, ngedohake gagasan sing tumuju marang tindak ora perlu lan ora utama, temah dumunung ana ing pusaraning gegayuhan. Jiwa raga sakojur gumolong gilik dadi siji ngadepi pajumbuhan kang pratitis nganti bisa klakon.

Yen laku sing kaya mangkana mau bisa digawe pakulinan lan bisa ajeg, samangsa ana gawe parigawe sawanci-wanci bisa diecakake kalawan ndadak sarta lekase bisa titis lan tatas. Satumungging rimbagan, gilig kaya gilige jladren kang munggah ing cithakon.

Surasane ngelmu sejati iku yen dirasakake temenan mula pancen nyenengake, karana bisa miyak sakabehing warana sing nutupi gaibing Pangeran bisa gelar wewadine jagad dalah saisine kabeh, wiwit kang agal kasar, nganti tekan sing alus ngrawit.

Mula keh-kehane banjur dadi kasegsem, kentir ing daya enggala bisa nyakup sakabehing isine wiwit “HA” nganti tekan “NGA”. Sing kaya mengkene iki njalari kurang pramareming panggudi lan suusurapane banjur mung grambyangan wae, kebat-kliwat, iki marga saka kapiluyune – malah marga anggone kayungyun lan kesusu nyumuruppi iku mau, nganti lali ing weweka. Ana ing ngendi-endi sing diujarake tansah ngelmune wae, ora ngemuti marang kahanane papan lan empane sarta wewalere. Ilang kaprayitnaning bantin ninggal pepacuh endi sing kena lan endi sing ora kena diwedharake, lekase kaya wong guru aleman, kepengin diarani sugih ngelmu utawa saora-orane digolongake marang wong sing anduweni reh kebatinan.

Tindak sing kang kaya mangkono mau kajobo ora prayoga, ugo ora bener, nyamari banget. Mula kudu sing bisa mapanake giludane ngetrapake surasaning ngelmune kalawan kawicaksanan – Tindak lan tanduk solah bawa muna-muni supaya sing tumata, tajem prayitna lan was pada ing samubarange katone jatmika.

Kanti laku kang kaya mangkono mau sarta kanti tansah nggladi murih Gusti manunggal lan Kawula samangsa wis bisa nyandhak marang tataraning gagayuhan kang sejati pindane prasasat bisa nemu pepadang kang sumunar cahyane amblerengi.

0 komentar: