CLICK HERE FOR BLOGGER TEMPLATES AND MYSPACE LAYOUTS »

Sabtu, 24 Mei 2008

PAMORING KAWULA GUSTI




PAMORING KAWULA GUSTI
 

Pamoring Kawula Gusti iku pinda damer murub, mula bener yen gawe kekes lan wedi, karana kang nyumurupi rumangsa kasoran ing daya. Mula pamedare kudu sing kalawan pratitis, aja kongsi tumpangsuh.

Yen ditanding boboting ngelmu iku, nyatane pancen abot lan kenceng, naging ora kenceng kdidene kencenging, nanging ora kenceng iku mung sedyane. Kang murih enteng ing tembe burine. Samangsa di ecakake yen ana gawe parigawe, ora medosol nuwuhake reribet apa-apa.

Olahing rembug ing satibaotibane tansah titis lan kawetune ora wengku sajak arep ngejori, arang kading mung trima urun-urun, nanging malah dadi kaundakaning kawruh. Kang mengkono mau malah banjur bisa ditrisnani ing akeh.

Luwih-luwihyen bisa nambahi jembaring ngelmu, iku yekti sing dadi sisipane wong linuwih. Sakehing tindake ora sinamudana mung kanggo ngumpak (nglembana)ing liyan lan ora mamprih pangalembana dewe, awit jejere wis waskita dadi pandita kang kinacek.

Kaceke adoh banget mungguh ing kapiterane ulah lan tanduk, duduga lan prayoga tansah dienggoni, wanine kadidene jajaka, nanging wani sing ora ateges maoni ngelmu kang wis mapan.

Ngenggoni tapa-brata kang pitung prakara :
* Kapisan, tapane jasmani oja sok darbe rasa serik, kudu narima ing lair trus ing batin.
Tapane badan wadag utawa tapene kalairan, yaiku sing ingaran Sarenggat (ngenggoni angger-angger ing pranatan mungguhing panggiludan) tinemune ditemeni kalawan tulus mulusing sedya lair batin.
1. Ngendaleni sarta meper lakune hawa napsu kang patang prakara, sing kabeh mau asal pinangkane saka jasad kadagingan.
2. Asih marang sapade tumitah, sing ateges sugih ing pangapura marang kaluputaning liyan.
3. Sing bisa ngayomi sasamaning ngaurip dedasar kawicaksanan.

* Kapindo, mono satuhuning tapa.
Yaiku tappane budi, lekase mung supaya bisa mbirat sakehing budi nista lan remeh sarta ngilangana watak demen goroh.

* Kaping telu, tapane hawa napsu
Kudu nglakoni sabar lan alim sarta sugih pangakema marang sapa wae, sajan marang wong sing wis milara awake, percayaan marang Pangeran.

* Kaping papat, tapane sang rasa sejati.
Pikir utawa ati kudu kagawe supaya meneng lan wening, ngudiya mamrih bisa tansah muja lan semedi yen kabeh wis meneng lan wening, gegayuhane mesti bakal kacekel.
* Kaping lima, tapane sukma.
Gelara sarana lembah manah lan grapyak semanak, atine kudu lega rila sarta ora kena muna-sika ing sesamane urip. Kudu bisa ngemong atine wong.

* Kaping nem, tapane cahya kang manter.
Ora samar ing sakabehing kahanan lan tansah eling damang marang pilahing kapalson lan kasunyatan, eling marang sakehing pambudi mamrih wilujenge bisa antuk ati kang padang lan resik, tataran MAKRIFAT, tataran jumeneng kapribaden.

* Kaping pitu, tapane urip.
Kudu santosa budine lan ati-ati, tumindake uga kudu disaranani kateguhaning iman lan timbuling kekarepan kang lumintu, ora kena uwas sumelang ing ati sarta kudu kumandel-kandel marang panguwasane Hyang Widi.

Wigantining wus tumrap sakabehing laku iku mau tinemu ana ing bongkot lan pucuk, iku wae wis cukup dadi ora mindo gaweni / mindo laku. Eohing laku mau bisa murakapi marang patine yaiku oncading sukma saka alam jasmani, ngacik ngambah ing alam gaib.

Manjing suruping pati iku kalakone mung sakedeping netra, anggone ngukut jagade nyata patitis, kabeh dikut digolongake marang tekat sawiji, digemblekake mamrih mlebu ing kraton.

Kayu lan watu pada dianggep lan digawe swarga kang mulya ake, kang nyukupi ing sakabehe sarwa endah banget, yen manggon ing kono jenak awor brekasakan lan jrangkong.

Pati kang kaya mangkono iku satemene mindo gaweni, nanging sing kaya mangkono mau ora dimangi. Ngertine samangsa kahanan wis kuwalik karana kurang bisa mbedakake lan karana salah tanpa, mula dadine banjur kasasar.

Mula sing teguh ing iman sarta eling lan was pada, aja kleru ing pamawas. Kraton sing sejati iku satemene ora kraton.

Gegebengan mau katampa kanggo gagaran ngukut jiwa raga, kang asipat setroli, padange kaliwat-liwat lan sipate langgeng ora owah gingsir. Ya iku sing dadi margane mulih ngumpul Dzating Pangeran.

Ana dene wahanan-wahanan kang dialami ing jrone ngadepi bakal kukuting jiwa raga iku, kajaba sudane kabeh kekuataning angga lan panca driya (pangrasa, pangganda, pandulu, pangrungu lan panggrayang), uga bakal manoni molah-malihinh cahya, sing kabeh mau asale saka pakartining napsu, napsu sing wis arep kukut. Ana dene cahya mau molah-malih gilir gumanti urut-miturt dodok selehing napsu, sing terange kaya ing ngisor iki :
a. Abang mrakata : banjur suda-suda lan manjing dadi.
b. Kuning amita : saya suwe saya suda temah sirna lan kagilir dening cahya.
c. Ireng tunteng : peteng dedet lilimengan nanging wekasane banjur ganti dadi cahya.
d. Putih memplak :

Cahya 4 prakara kasebut, iku cahyane napsu 4 prakara, yaiku amarah, luamah, supiyah lan mutmainah, sing kabeh pada tinemu lan lenggah ana sarira pribadi. Kasunyating kabeh mau mung minangkadadi sasmita, yen pakartining napsu 4 prakara kasebut wis arep sigeg.

Ing sawise iku banjur tinemu ana cahya mencorong padang ambleringi kang sipate ora owah gingsir lire ora bakal gumilir ing cahya liyane. Yen wis tekan cahya sing kaya mengkona kahanane iki, nyata wis tekan titi mangsanw nyawa oncad ninggalake kurungane, mulih marang asal muasale sakawit.

Meneng, anteng, langgeng ora obah ora ngucap ora dulu kaendahaning swarga, ora rumangsa dumunung ana ing pangauban, aing ana mung trawanging ati, meleng dadi manunggale nabi-wali.

Katrangane :
Samangsa wis manoni cahya kang kukuwung putih mencorong kayo kang kaceta ing duwur yaiku cahya kang asipat langgeng ora owah gingsir wis ateges bisa jumeneng pribadine, wis manunggal karo Dzating Pangeran (wis jejer manunggal Kawula Gusti).

Yen wis kaya mengkono, kalangengan iku mau mahanani kahanan ora bisa sumurup kaendahan apa-apa, apa dene kaendahaning swarga, ora rumangsa ngayom marang apa wae, lire ora mangeran marang saliyane Pangeran Kang Maha Luhur, nanging jejere ngalela pribadine ana ing alam sonya-ruri. Yen wis kaya mengkono kahanane wis ara ana sipat-sipat kang beda ing antarane pribadi lan Pangeran, Kawula lan Gusti wis manunggal, pada wae karo wis bisa napaki lekasing para nabi lan para wali sing wis pada jejer dadi makrifat. Kasare pribadine wis prasasat nabi utawa wali, karana wis bisa nggayuh tataran sing wis kagayuh dening para nabi lan wali duking nguni, yaiku asarira – Batara.

By alang-alang

1 Komentar »
PAMORING KAWULA GUSTI
Dikirim PAMORING KAWULA GUSTI pada Mei 3, 2008 oleh alangalangkumitir

PAMORING KAWULA GUSTI
MANUNGGALING KAWULA GUSTI

Para kadang kang kang anggilud pangelmon kawruh Jawi, supaya sakabehing reh kang digilud iku bisoa manjing dadi keyakinan kang lebune lumantar pikir pratitis, dadi ora banjur mung mbalilutan tanpa landesan pamgerten, sing wahanane andhakan sok banjur dadi kukuh amengkoki keyakinan sing tanpa katerangan kasunyatan.

Anandena pamarsudi / panggilude kudu sing kelawan genep, ora mung nyumurupi ngelmune wae, nanging uga ameruhana gegebengane kang sejati. Kudu bisa anyumurupi cangkok lan isine, wadah lan sing di wadahi, mula mengkono awit yen mung salah siji wae, dadine malah bakal kapitunan.

Upama mung nyumurupi teori iki samangso ngenani babagan kawikyan nanging ora ngidhepi marang prakteke, utawa kosok baline, weruh prakteke nanging ora weruh uger-uger teorine iku jejere banjur ora sampurna. Dadi tiwas bisa, nanging bisane mung separo, ora tatas, temah dadine malah ora putus.

Yen dijinggleng, gelaran pemut kaya kang wis di terangake ing duwur iki, salugune mung ya mampri amprih utamane lan sampurnane ngilud ngelmu iku.

Ana dene bakuning wos mungguhing pemud kasebut, gelarane mengkene :
a. Marsudia ngelmu amrih bisane weruh pamoring semu prasemon gaibing Widi, iki sing dadi sing dadi gegayuhan baku, ya pakeme giludan, yen ora bisa meruhi perkara kasebut, anggone mersudi ngelmu dadi tuwas tanpa tanja.
b. Murih bisa meruhi pamoring semu, prasemon gaib ing Widi iku mau saranane kudu jangkep meruhi cankok lan isine, salah siji ora kena ditinggal.
1. Cangkok – wadah – gelar kelahiran- laku.
2. Isi sing diwadahi – sing netepi gelar kelahiran – ngelmu.

Dadi amrih bisa nyandhak marang susurupan lan gegayuhan kang satune kudu jangkep anindakake ngelmu lan laku, jer ngelu kang ora dikanteni laku iki muspra, ora ana guna paedahe, karo-karone kudu ditindakake kanti bebarengan, ora kena cewet salah siji.

Anadene laku mungguhing pangelmon iku ona patang perkara, urut-urutane lan lekase ora kena ditinggalake salah siji yaiku :
1. Syariat
Tegese anindakake kelawan pakarti nyata miturut angger-angger pranatane pangelmon, endi sing kena lan endi sing ora kena dilakoni, endi sing wajib ditindakake lan endi sadengah kang bisa dileksananikanti mana suka (suah).
2. Tarekat
Tegese kawruh mungguhing angger-angger kasebut, dadi nindakake syariat kudu kanthi dilambari pangerten apa sebab lan guna paedahe dene sawiji-wiji iki wajib utawa ora kena ditinggalake.
3. Hakekat
Tegese nuju marang kasunyatan woh mungguhing pangiludan, yaiku sing kasebut laku sing wis nyandakmarang tataran kebatinan (luwih jero maneh).
4. Makrifat
Tegese nyumurupi kasunyatan wohing pangiludan.

Laku patang perkara kasebut kudu katindakake kabeh kanti urut miturut undha usuking tataran, yen ta nganti gotang salah suji, mesti ora biso tekan punjering gegayuhan, ateges wis marsudi kongsi ngenting, toging data malah ora idep apa-apa.

Ing sarehning dasare ngelmu ana ing kene ana gandheng gaibing Widhi, gelarane banjur sambung rapet karo prakara urip lan pauripan alandesan katerangan iku, tembung cangkok lan isine mau kajaba bisa kaumpama kanggo negesi blegering ngelmu lan laku uga bisa katujokake prasemon bleger kapribadenkang urip lan ngalami panguripan.

Kaplase banjur endi kang disemu mawas sesbutan cangkok lan endi sing disemu mawa tembung isi. Rehning urip ya bleger kapribaden iku mengku badan rong prakara, keplase tembung cangkok lan isi iku banjur nuju bebadan rong prakarakasebut, yaiku jiwa lan raga , sing jroning lagi urip iki pada manunggal dadi siji.

Kasunyatane jroning urip iku raga lan nyawa oa bisa pisah, raga kang minangka dadi wadahe, ya cangkoke, dene nyawa kang minangka sing diwadahi mbah lan musik. Sanajanta sakarone pada manunggal dadi siji lan dayane pada tarik tinarik sarta bawa mrabawani, jejere pada anduweni lungguh dewe-dewe kang mbaka siji kudu disumurupi kalawan taandes, kepriye lungguhe siraga, kepriye lungguhe si nyawa.

Raga kang asipat kasar iki bisane mobah lan mosik karana kadunungan nyawa kang asipat alus lan nyawa anggone bisa mobah mosike karana dumunung ing raga. Gamblange sing diuripi ora bakal klakon bisa urip samangsa ora didunungi dening sing nguripi ora bisa makarti gawe urip yen ora dumunung ana ing badan kang diuripi, dadi bebadan sakarone pada samad sinamadan lan daya-dinaya.

Ing sarehne raga orabisa urip yen ora di enggoni nyawa lan nyawa iku sawarna badan kang menehi urip, ing kene pilah-pilahing lungguh banjur dadi :
a. Siraga obah krembyah-krembyah mung karana manut sarehe si nyawa, jejere banjur dadi prabot pakarting nyawa, utawa bebadan kang dikuwasani, sing sateruse diarani KAWULA.
b. Si nyawa kang duwe daya anguripi lan mobah mosike manut sakrenahe, jejere banjur dadi bebadan kang nguwasani kahanan raga, sebutane banjur dadi kosok baline KAWULA YA GUSTI.

Manunggale sifat sakarone mau, manunggale siraga lan sinyawa. Manunggale KAWULA lan GUSTI iku minangka semu prasemon gaibing Widhi, dadi gaibing Widhi ya gaibing Pangeran iku disemu dining manunggale raga lan nyawa, disemu dening bleger urip sing awujud jejer kapribaden.

Sak mangkonoa nyumurupi gaibing KAWULA lan GUSTI, ya pada wae karo nyumurupi gaibing pangeran, ya nglereg marang nyumurupi pribadene dewe, ya weruh marang uripe kang sejati.

Ana dena jablase keterangan kasebut yaiku raga iku lungguhe banjur dadi kasunyatane nyawa, lire rehne raga iku bisa krembyah-krembyah obah lan makarti dadi cihna yen ing jrone terange ana nyawane lan nyawa iku kang minangka dadi kasunyatane urip, lire ana nyawa bisa ngobahake raga lsp, iku mujudage bukti yen nyawa iku nggerba urip lan urip iku asipatlanggeng, dumunung ana ing panguasaning pangeran kang asipat jumeneng klawan sarta ora owah gingsir lan dayane nglimputi saindenge jagad rat pramudinata, jagad geda lan jagad cilik.

Miturut larasan ing duwur terang banget yen blegger wujud kapribaden kang urip iki ya wujud manunggale KAWULA lan GUSTI, ya manunggale Manngsa lan Pangeran kang ing sarandene kalawan urut-urutan sarta tumata tanpa kuciwa kadayan dening panguasane.

Ing sarehne wis disumurupi, yen blegger kapribaden iku minangka prasemon gaibing Pangeran kang kagungan sipat-sipat pinesti, perlu uga disemurupi sipat-sipat Pangeran kang jangkep, yaiku kang diarani sipat 20. Dadi terange ing sarehne manungsa iku dadi prasemone dadi wewayangane pangeran kang kagungan sipat 20 iku mau, sing gelare kaya kasebut ing ngisor iki :

1. Wujud : Ana
2. Kidam : Disik ora ana kang disiki
3. Baka : Langgeng
4. Muhalawatil lil kawadisi : Beda karo kang anyar
5. Kiyamuhu binafsihi : Jumeneng kalawan piyambak
6. Wahdaniyat : Sawiji
7. Kodrat : Kuwasa
8. Iradat : Karsa
9. Ilmu : Kawruh
10. Hayat : Urip
11. Samak : Miyarsa
12. Basar : Wuninga
13. Kalam : Ngandika
14. Kadiran : Kang kuwasa
15. Muridan : Kang kagungan karsa
16. Aliman : Kang kagungan kawruh
17. Hayan : Kang kagungan gesang
18. Samian : Miyarsa
19. Basyiran : Nguningani
20. Mutakaliman : Ngandika

Kang supaya biso nyumurupi manunggale Kawula lan Gusti mau lekase kudu kalawan lumintu-mintu lan carane kudu ora kena gotang salah siji, lire anetepana syarat syariate panggiludan sing kanti jangkep, yaiku anenepana laku syariat, tarekat, hakekat lan makrifat, iki mau kabeh linakonan kanti ora kena diblenjani salah siji.

0 komentar: