CLICK HERE FOR BLOGGER TEMPLATES AND MYSPACE LAYOUTS »

Senin, 26 Mei 2008

SANGKAN PARANING DUMADI

SANGKAN PARANING DUMADI

Sangkan paraning dumadi tegese sawijining katrangan kang ndunungake wiwite ana dumadi (wujud) sing dhisik dhewe sadurunge ana jalma nganti ana wujud jalma tekan seprene iki sarta banjur kepriye sawise jalma. Sangkan paraning dumadi kaperang dadi limang perangan:
[1] asaling dumadi
[2] sangkaning dumadi
[3] purwaning dumadi
[4] tataraning dumadi
[5] paraning dumadi

Katrangan bab sangkan paraning dumadi saka panalitine pangripta ing serat serat wirid sarta serat serat liyane kaya-kaya durung tau mrangguli, wis dak suluh suluh marang para sepuh lan marang paguron sarta para kyai uga durung ana sing wuninga, bisa uga kurang tapis panilitine pangripta rehning jagad iki jembar, kang mangkono iku daksumanggakake marang ingkang kawogan. Panuwunku marang para maos lan yen para ingkang kawogan katrangan dakaturake iki kayadene cathetan lumrah bae sing durung kawuningan tumrap bener lan lupute. Pangarep-arepku marang panjenengan kabeh, rehning pada ngudi marang kawruh sing magepokan karo babagan ngelmu manunggal sarta kabudayan, ing tembe samangsa wis bisa srawung munggahe jumbuh karo Gusti, kena kanggo paseksen katrangan kang dakaturake iki kersoa mintokake dhewe dhewe bener utawa lupute bab sangkan paraning dumadi iki kabeh. Sok ana tetembungan mokal banget nanging sejatine ora mokal, sabab nyata. Mulane banjur kasebut Ilmu Kasunyatan. Mangkene mula bukane sangkan paraning dumadi:

[1] Asaling Dumadi:
Saka cahyaning Wulan kasebut pamor, cahyaning Surya kasebut sereng, cahyaning Wintang kasebut sunar, cahyane Lintang kasebut kilat. Dene wadhag utawa raga asale saka Padmasari, yakuwi sarining pangan asale saka banyu segara.

[2] Sangkaning Dumadi:
Rijal (pamoring wulan), Wiwit, Kandha, Ambuka, Wiwara, Rahsa, Purwa, Dumadi, Madya, Wujud, Wasana, Suwung. Iku kabeh disanepani anane sasi rolas wiwit Sura tekan Besar.

[3] Purwaning Dumadi:
Suksma (pamoring wulan wutuh loro-lorone atunggal) nalika iku durung kasebut Hyang Suksma utawa Yata Waludya, sabab isih ngrasuk wadhag wujud Mina tekan wujud Kewan. Suksma iku mau banjur manjing ing telenging samodra, kersane 'murwani dumadi tumitah ana ing jagad nganakake lalakon urip', watara sesasi (nalika iku durung ana sasi) Suksma (Lata Waludya) iku wis ngrasuk badhan wujud Mina siji (iwak ing segara). Mina iku mau sanadyan wujude mung siji nanging isine loro-lorone tunggal, iku kasebut Mimi Mintuna. Tembung Mina iku tegese kewan ing segara.

[4] Tataraning Dumadi:
a. Mimi Mintuna ngrasuk badhan wadhag wujud Mina sawise 2100 taun suwene (sajangka) banjur natar wujud Penyu. Tembung penyu tegese Mina wis nggremet, dene Mimi Mintuna iku banjur kasebut Baka Siwa.


b. Penyu Baka Siwa sawise 2100 taun suwene (wektu iku uga durung ana taun) banjur natar maneh wujud Bajag, tegese Mina wis mencolot, dene Baka Siwa iku banjur kasebut Hawa Adam


c. Bajag Hawa Adam sawise 2100 taun suwene banjur natar maneh wujud: Sona, tegese Mina wis mbrangkang. Dene Adam Hawa iku banjur kasebut Bodha Gotama
Sona Bodha Gotama sawise 2100 taun suwene banjur natar wujud maneh: Srenggara utawa Segawon. Tembung srenggara tegese Mina ing dharatan utawa kewan, dene Bodha Gotama banjur kasebut Budhi Satawa.


d. Srenggara Budi Satawa sawise 2100 taun suwene banjur natar maneh wujud: Kahuru tegese, Kewan wis lenggah, dene Budi Satawa banjur kasebut Sada Dana. Srenggara utawa Segawon iku durung kena ditembungake lenggah, sabab sikile sing ngarep mesthi isih jongkok, kasebut Saduwa.


e. Kahuru Sada Dana sawise 2100 taun banjur natar maneh wujud Lece, tegese Kewan wis jumeneng. Dene Sada Dana banjur kasebut Mahatma Data. Lece iku kabeh sipate mesthi wadon, dene sing lanang sipate kasebut Wawa. Tembung jumeneng iku sipate ngadeg sarana sikil loro, yen ngadeg iku sikile papat.


f. Lece Mahatma Data sawise 2100 taun suwene banjur sinung wahyu Maniningrat utawa wahyu Manuswa, tegese Kewan wis isin. Dene Mahatma Data banjur jumeneng Manuswa sarta diganti asma Sri Sadana. Dadi Manuswa Sri Sadana iku sipate isih wadon kaya nalika isih wujud Lece. Sawise jumeneng Manuswa, Suksma utawa Lata Waludya iku banjur kasebut Hyang Suksma utawa Yata Waludya. Dene pamor liyane sing kasebut Roh banjur kasebut Jiwa.


g. Manuswa Sri Sadana sawise 2100 taun suwene (ora sajangka nanging sajaman) banjur sinung wahyu Suryaningrat, mula banjur bisa nurunake putra wujud kakung. Sri Sadana sawise nurunake putra wujud kakung banjur manuksma marang putrane kakung, mula banjur ganti asma Wisnu Murti. Panuksmane Sri Sadana marang putrane kakung nganggo warana wujud dongeng dhinapur sanepa 'Sang Prabu Dewata Cengkar dikalahake dening Aji Saka'. Dewata tegese Pribadi wujud wanita. Cengkar tegsese ora loh utawa garing, cebolake: wanita sing ora wulanan. Dene Aji tegese priya, saka tegese paugeran, ceboleke: wadhag siji bleger kakung isine loro lorone atunggal. Mula manawa ana wayang purwa wiwit jejer sing diwetokake dhisik mesthi wujud wanita, karepe ndunungake anane wong urip iku sing dhisik sipat wadon.

Tataraning dumadi wiwit wujud Mina nganti tekan jumeneng Manuswa lete mesthi sajangka yakuwi 2100 taun, saben sajangka mesthi ana owah owahan dumadi.

[5] Paraning Dumadi disanepani wujud angka wiwit 1 tekan 9:


Eka Padmasari, asal saka sarining pangan.
Dwi Maratani, rata ing sajroning sanubari.
Tri Kawula Busana, wiwit ngrasuk raga.
Catur Warana Rukem, wis lahir mbutuhake pangan.
Panca Sura, wis ngancik dhewasa.
Sad Guna Wiweka, wis tuwa akeh panganti-antine.
Sapta Sacara Cara, wis wiwit pikun.
Asta Kukila Warsa, wis akeh laline.
Nawa Angga Lupa, angen-angene wis lali utawa kukut.
Dasa (0) iku tegese suwung, wadhage wis kothong kasebut Kunarpa.

Mula cacahing angka iku warna sanga, yen wis tekan sanga banjur wiwit saka siji maneh ing mburine nganggo dasa tegese suwung sapisan, mangkono sateruse tanpa ana wekasane. Yakuwi sing diarani lalakone urip, kwajibane para pribadi tumitah ana ing jagad para mudhita atas karsane Gusti kang maha kuwasa, dipralambangi wujud Wayang Purwa. Wayang nyanepakake wong urip. Dhalang nyanepakake pribadi. Blencong nyanepake Gusti. Sabubaring wayang banjur dijogedi Golek, iku karepe: Golekana ceboleke wedharing Wirid sing digancarake dhalang mau.

Tataraning dumadi wiwit Mina tekan Jalma manawa ditimbang karo kapracayane wong akeh adoh banget sungsate tumrap marang kang percaya yen wong sing dhisik dhewe tumitah ana ing jagad iku Nabi Adam lan Hawa sing diturunake saka swarga. Yen ditliti kanthi weninging kawruh cetha yen mokal banget. Aku dhewe dhek biyen uga percaya yen Nabi Adam lan Hawa sing dhisik dhewe, nanging bareng oleh pitakonan saka pribadi: kepriye tumurune sakawit saka swarga, apa gleger wujud wong urip kaya samengku iki? Aku mung bisa mangsuli: boten mangertos namung percaya saking goteking tiyang sepuh. Pitakoning pribadi iku pancen aneh lan nyleneh nanging nyata lan maton sadurunge paring piwulang sing maneka warna. Mangkene bubukane pitakon:


Gusti kang maha kuwasa iku dhek durung ana jalma apa jenenge? Nalika durung ana jalma apa Gusti wis bisa kandha? Apa perlune wong sing wis kukut nganggo dislameti wiwit dina kukute nganti sewu dinane? Kepriye carane wedi marang Gusti? Kepriye carane bekti marang Gusti?

0 komentar: