CLICK HERE FOR BLOGGER TEMPLATES AND MYSPACE LAYOUTS »

Sabtu, 24 Mei 2008

SERAT BABAD NITIK SULTAN AGUNG

SERAT BABAD NITIK SULTAN AGUNG
 

(Serat Cariyosipun Dewi Ambarini)

Serat Babad Nitik kangjeng Sultan Agung, nyariyosaken wiwit
Dewi Ambararini, putrinipun ratuning jim linamar raja wolung nagari
ngantos dhaupipun sang Dewi kaliyan Bambang Ernawarya.

1. Duk manitra tinembang artati, Slasa Wage lek salikur wulan.
2. Sri Narendra sampun lenggah, aneng bangsal kencana kinen nitik.
3. Genti ingkang kacarita, nagari Daksinatasik.
4. Kuneng genti kang winuwus, nagari Daksinatasik.
5. Sinegeg Daksinatasik, genti cinarita.
6. Genti kocap ing Daksinatasik, wau sang akatong.
7. Cinarita dutane para raja, kang sami angulati.
8. Sapraptene kapatihan kyai patih, Bambang Ernawarya.
9. Genti kocap nerendra Matawis, kangjeng Sutan Agung kitha Karta.
10. Ginenti kang cinarita, lampahira Bambang Ernawaryeki.
11. Sampun sami angandika, lenggah bangsal Sri Bupati.
12. Bambang Ernawarya muwus, andika langkung prayogi.
13. Sang nata duk amiyarsi, sungkawa anemu suka.
14. Enjing praptaning ubaya ari, Sri Narendra miyos.
15. Angandika wau Dyah Ambararini, eh Arya Nirbawa.
16. Sapraptaning wisma Arya Adipatya, tandya karya kinteki.
17. Kawarnaa arya Adipati, sang Udarapati Pramasadha.
18. Tengara bendhe tinembang, sinauran tabah-tabahan juri.
19. Wus bibar kang prang tandhingan, rajeng sadhaha sadasih.
20. Lampahira rajasunu, radyan Matyuna sarakit.
21. Kalamarcu Sri Bupati, sampun mangsah ing ranangga.
22. Catur raja sawusnya miyarsi, saraseng pamaos.
23. Wau sang Dyah dayita umatur aris, inggih putra tuwan.
24. Kawuwusa nengih kyai patih Puyika, umarek ngarsa aji.
25. Genti kocap nengih duta aji, kang lumampah maring Tasikdaksina.
26. Putra paduka sang retna, neng Daksinatasik langkung mukti.
27. Kocap ing Tasikdaksina, sang prabu Udayanamurti.
28. Nateng Kismaka amuwus, pami wahanira benjing.
29 Ing wetan samburat abrit, praptaning wisma dadakan.
30. Sanak-sanak manira aji, reh katemben tumon.
31. Sri Narendra duk myarsa aturing siswi, suka ing wardaya.
32. Kula asung uninga mring pra kakendra, inggih bade lumintit.
33. Kawarnaa enjing Sri Bupati, Soma Manis miyos siniwaka.

0 komentar: